Urutan Tata
Cara Mantu Adat Jawa
Upacara pengantenan
adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing duwe
rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan
iki nglambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung ing suasana
sing khusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti
upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, lan
sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wong tua utawa kaluarga penganten putri nanging
tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara
pengantenan adat Jawa iku beda-beda miturut dhaerah uga diselenggaraake miturut
kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
1.
Nontoni
Menawa nyalari mau ditampa becik ateges calon penganten
putri isih sela lan wong tuwane sarujuk,
wong tuwane bocah lanang banjur medhayoh menyang omahe calon penganten putri ,
saperlu weruh kaya apa bocah kuwi. Yen bocahe lanang bisa diajak bisa uga ora
diajak. Nalika sing tuwa padha jagongan,calon
penganten putri didhawuhi ngladekake suguhan, ing kono tamu maspadakake
(nontoni) bocah iku kanggo tetimbangan jodho apa ora. Yen perlu diajak
omong-omong.
2.
Nakokake/Nembung/Nglamar
Upacara
lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme
calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wong tua utawa kaluarga
manten putri setuju yen putrine didadekake pasangan urip calon penganten
kakung.Ing acara lamaran iki biasane
sekalian kanggo nentokake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara
lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
3.
Pasang Tarub
Ing omahe calon penganten putri, kira-kira 3 dina ngarepake tempuking gawe, dipasangi tratag lan tarub.
Wujude tarub yen biyen kudu nganggo bleketepe yaiku suwir-suwiran janur kuning,
ing kiwa tengening korining tarub dipasangi tundhunan gedhang raja, tebu
wulung, gegodhongan manca warna, lan ora lali cengkir gadhing lan godhonng
waringin. Kabeh mau bisa diwaca dadi ukara bilih blakane nyuwun sumawuring nur
Illahi kanthi pangajab penganten bisa kaya dene raja lan prameswarining nata
kang nduweni antebing kalbu lan kencenging piker, anane rubeda manca warna
tetep ora kurang sawiji apa, dene sing padha jagong sing keri (durung mantu
utawa during dadi manten) padha kepengin.
4.
Siraman
Acara siraman iku sejatine upacara perlambang kanggo
ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina
sedurung ijab kabul lan dilakokake ing umah masing-masing calon
manten, umume ing bagian umah sing radha terbuka kaya ing mburi umah utawa taman
ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur
liyane uga pemaes.
5.
Midodareni
Tembung
midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari. Acara iki
ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari
mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing
acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Ing acara iki penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur
putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Amargi penganten kakung lan kaluargane uga teka ing daleme
penganten putri nanging calon penganten kakung urung diijinake
ketemu langsung karo calon pasangane merga calon penganten putri urung
diijinake metu saka kamar wiwit jam 6 sore. Rangkeyan acara ing wengi midodaren iki beda-beda saben
dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan. Acara midodaren iki diselenggarakake
mbengi bubar acara siraman. Sing teka ing acara iki seliyane kaluarga penganten
putri uga tangga-tangga cedhak lan kanca-kanca penganten
putri.
6.
Srah-srahan
Srah-srahan
iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe
lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe
iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing
paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri
bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
7.
Ijab Kobul
Ijab Kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji ing ngarepe wong akeh
kanggo saksi yen wong loro kuwi nikahe sah.
8.
Panggih
Sak rampunge
acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake ing prapatan cedhak omah
sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sakwise iku penganten putri ketemu
(panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: Balang Suruh, Wiji
Dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar Klimah, Mertui lan
Sungkeman.
9.
Balangan Suruh
Upacara balangan suruh diselenggaraake dening pengantin
putra lan putri kanthi gantian. Gantal kang digawa kanggo uncalan marang pengantin
putra saking pengantin putri disebut gondhang kasih, Makna saka balangan suruh
yaiku arupa pangarep-arep semoga kabeh alangan bakal ilang lan ngadohi akibat
saka gantal kang diuntalna. Gantal digawe saka godhong suruh sing ditekuk mbentuk
bunderan kang banjur disambungake karo benang putih utawa tenunab. Godhong
suruh iku simbol menawa pengantin putri lan pengantin putra wis samesthine bebarengan.
10. Ngidak Endhog
Upacara
ngidak endhog
diwiwiti dening juru
paes, yaiku wong kang pagaweane kanggo ndandani penganten lan ngagem klambi
penganten, karo njupuk endhog saka bokor,
banjur diusapanaken marang bathuke penganten putra sing banjur penganten putra njaluk kanggo ngidak ing endhog.
Ngidak endhog duweni
makna seksual, yaiku penganten putra lan
penganten wis pecah pamoripun.
11.
Wiji Dadi
Upacara iki dilakoni sawise acara ngidak endhok.
Sawise acara ngidak
endhog, penganten putri langsung wisuhi
sikil penganten putra nggunakake banyu sing wis diwenehi kembang setaman.
Ngumbah sikil iki artine pangarep-arep
yen "wiji" sing bakal dimudhunaken adoh saka bebaya lan
ndadekake turunane sing apik.
12. Timbangan
Upacara timbangan dilakokaken sadurunge penganten putra lan penganten putri
njagong ing kursi penganten. Upacara iki dilakokake kanthi dalan minangka: ramane
penganten putri lungguh ing antarane penganten putri lan penganten putra. Penganten
putra lungguh ing nduwur sikil tengene rama penganten putri, nalika penganten
putri lungguh ing sikil kiwa. Tangan lorone rama dirangkulaken ing pundak
penganten putri lan penganten putra. Bapak banjur ngandika yen loro-lorone
imbang, lan bobote padha. Makna upacara timbangan yaiku arupa pangarep-arep
menawa antarane penganten putri lan penganten putra bisa tansah imbang.
13.
Kacar-kucur
Carane
penganten putra wutahaken raja sugih
saka tas gombal, nalika
penganten putrine njupuk kanthi gombal
sindur kang diselehake ing pangkuane. Tas dhuwit ngemot
recehan, beras kuning, kacang kawak,
dhele kawak, kara,
lan kembang telon
(mawar, melati, kenanga
utawa kanthil). Makna
saka kacar kucur yaiku menehi
tandha menawa penganten putra bakal
tanggung jawab nggolet rejeki kanggo kulawargane.
Raja sugih sing diwutahake
kasebut ora oleh ana
sing tibo, maknanipun supaya penganten
putri nduweni kelakuan gemi,
nastiti, surtini, lan ati-ati saking ngatur
rejeki sing wis
diwenehi dening bojone.
14.
Dulangan
Penganten sak lorone dhahar
dulang-dulangan minangka pralambang penganten sak lorone arep
urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
15.
Sungkeman
Sungkeman yaiku
upacara sing ditindakake kanthi cara
penganten putri lan penganten putra lungguh
nyekeli lan ngambung
dengkule wong tuwane. Makna upacara sungkeman yaiku
simbol saka wujude rasa hormat anak marang wong tuwane.
16.
Kirab
Upacara kirab
arupa arak-arakan kang ana domas, cucuk lampah,
lan kaluwarga cedhak untu njemput utawa ngiringi
penganten kang arep metu saka panggonan panggih
utawa arep mlebu panggonan
Panggih. Kirab yaiku
simbol panurmatan saking penganten putri lan penganten putra sing dianggep raja ing dina
kang wis samesthine
mengko bisa kanggo mimpin kulawargane kanthi apik.
17. Jenang Sumsuman
Upacara jenang sumsuman
dileksanakake sawise kabeh upacarane wis rampung. Ing
tembung liyane, jenang sumsuman
punika yaiku raos sukur amarga acarane mlaku kanthi aman lan selamet,
ora kurang saka siji wae, lan kabeh ingkang
sehat walafiat. Biasane jenang sumsuman dianakake ing wayah
wengi, yaiku wengi sawise acara penganten.
18. Boyongan/Ngunduh Manten
Disebut boyongan amarga penganten putri lan penganten putra dikawal dening
kulawarga putri marang kulawarga putra kanthi bebarengan. Ngunduh manten dianakake
ing umahe penganten putra. Biasane acara iki ora lengkap kaya ing acara kang
dianakake ing panggonan penganten putri.